-->

MC KHATAMAN KITAB ALFIYAH DAN ISRA' MI'RAJ NABI MUHAMMAD SAW. BAHASA JAWA



mc


السلأم عليكم ورحمة الله وبركاته

ألحمّد لله .ألحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونتوب اليه , ونعوذ بالله من شرور أنفسنا ومن سّيئات أعمالنا , من يهد الله فلأ مضلّله ومن يضلله فلأ هادي له .أشهد ان لأ اله الأ الله وحده لأ شريك له , وأشهد أن محمّدا عبده ورسوله . وقال الله تعالى في القران العظيم , أعوذ باالله من الشيطان الرجيم , بسم الله الرحمن الرحيم , سبحان الذي أسرى بعبده ليلأ من المسجد الحرام الي المجدالاقصى ألذي باركنا حوله لنريه من اياتناطانه هو السميع البصير .أما بعده:


Ashabul fadilah Al kuroma' wal fudola' . poro alim dalah tuwin soho poro ulama'-ingkang tansah sibrak cacingak- andudah margining syara' –ingkang tansah kawulo to'ati sedoyo fatwa-fatwa nipun .

Dumateng poro yai , tuwin dalah poro ibu nyai , Khususon  khoshoh dumateng  panjenengan ipun Romo KH -Imam Sughrowardi wa ahli baitihi – utaminipun dunateng panjenengan ipun romo KH..(………….  )saking…(………….) ingkang tansah kawulo ugemi ,menggah sabdo tomo-sabdo gunanipun .

Dumateng panjenenganipun Bapak pejabat pemerintah ,utaminipun dumateng Bapak kepala desa –ingkang tansah dahat kinurmatan .

Dumateng poro Bapak soho poro Ibu ,poro sesepuh , pini sepuh , ugi ingkang tansah dipun sepuhaken deneng Allah – ingkang kawulo hormati .

Sagunging poro rawuh – tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing karaharjan .


Ingkang ongko sepindah sumonggo kito tansah ngaturaken puji astuti kanti  ucapan    .ألحمد   لله رب العالمين Dumateng dzat ingkang nitahaken jagad inggih meniko  Allah SWT ,ingkang sampun paring pinten-pinten berkah pangestu soho taufiqipun dumateng kawulo dalah panjenengan sedoyo, katitik wonten ing wekdal dalu meniko, saget makempal sesarengan –wonten ing meniko majlis –wonten ing sak lebeting adicoro, resepsi-tasyakuran kitab Al fiyah –ibni malik, soho mengeti isro' mi'roj Kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten ing sak lebeting karaharjan –ginanjar –kawilujengan –kalis –ing sambi kolo .lan mugi-mugiho-kanti pakempalan meniko saget kacatet dening Allah dados pakempalan ingkang barokah –manfaat-maslahah wonten ing dunyo ngantos wonten ing akhirot .


Kaping kalihipun sholatullohi wasalamuhu –mugiho lumeber dumateng nabi panutan kito sedoyo , Al musthofa Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring pitedah dumateng margi ingkang leres inggih meniko kanti sumebaring agami islam wonten ing ngalam dunyo meniko . lan mugi-mugiho kawulo dalah panjenengan sedoyo saget pikantuk syafa'at ipun mbenjang wonten ing dinten qiamah .


Sagunging poro rawuh –tamu undangan –kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing karaharjan . perlu dipun kawuningani bilih kawulo wahu –lumarap saking sasono palerenan –tumuju wonten ing sasono pangendikan –utawi wonten ing podium meniko , hanamung mangestreni –dalah ketiban sampur minangkaning – muqosimul auqot ,utawi-pranataning adicoro wonten ing pawewehan meniko .

          Sagunging poro rawuh – kakung sumawono putri ingkang tansah kinormatan .

Gegayutan ningali wekdal sampun saantawis dalu , saking kawulo mboten bade kawulo panjang – lebar aken anggen kawulo paring mukoddimah . pramilo kanthi singkating rembak – bade kawulo aturaken menggah toto tertip ipun adicoro ingkang sampun karacik kados mekaten .


v Pucu'ing adicoro – kanti pambuko .

v Kalajeng aken adicoro ingkang ongko kalih – nun inggih pemaosan ayat-ayat suci

     Al qur'an .

v Kalaksanangin muhafadhoh Al fiyah ibni malik – dumawah wonten ing adicoro ongko tigo .

v Dungkeping adicoro ingkang ongko sekawan – inggih puniko atur-atur pambagyo .

1.     Wondene atur pambagyo ingkang ongko sepindah – saking wakil kelas

2.     Ingkang ongko kalih – inggih puniko saking wali kelas .

3.     Ingkang ongko tigo – inggih puniko saking wali murid .

4.     Wondene atur pambagyo ingkang ongko sekawan , saking kepala desa .

5.     Wondene pamungkasing atur pambagyo – nun inggih saking pengasuh pondok pesantren A P I S sanan gondang gandusari .


          Hadirin Hadirot rohimakumulloh …………………………………….


v Dungkeping adicoro ingkang ongko gangsal – inggih puniko " mau'idhotul hasanah " ingkang bade kaatur sabdo dening panjenengan ipun Romo K H ( ............................) Saking …………………….

v  Paripurnaning adicoro wonten ing wekdal dalu puniko – dipun pungkasi kanti do'a .


  Sagunging poro rawuh tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang dahat kinormatan ……    Gegayutan ningali wekdal sampun saantawis dalu – sumonggo adicoro wonten ing pawewehan puniko , kito bikak kanthi waosan surotul fatihah – kanthi munajat , mugi-mugiho adicoro puniko – lumampah kanthi ridhonipun Allah SWT .


على هذه ألنيه وعلى كل نية صالحة الى حضرة ألنبي ألمصطفى سيد نا ومولأنا محمد صلى الله عليه وسلم شيئ لله لناو لهم الفاتحة................

                             Matur nembah ing panuwun kawulo atur aken .


          Sagunging poro rawuh tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang dahat kinormatan .

          Kito lajeng aken runtuting laksono ingkang ongko kalih inggih puniko – waosan Ayat-ayat suci Al qur'an , ingkang bade kawaos deneng sederek ………dumateng sederek ingkang kajibah , wekdal soho sasananing pangendikan kawulo sumangga'aken ……………….


                                      Shodaqollohul adhim  ( 3 KALI )


          Mekaten kolo wahu gumelantangipun – waosan Ayat-ayat suci Al qur'an ingkang sampun kawahos soho kito mirengaken . mugi-mugiho kanthi waosan kolowau saget mbeto manfaat ipun ingkang maos lumeber ipun dumateng sami'in lan sami'at


أمين.......أمين.......أمين......يارب العالمين               .

            

         

          Sagunging poro rawuh tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang dahat kinormatan ………

          Sampun titi wancinipun kawulo dalah panjenengan sedoyo- wonten ing adicoro ongko tigo – mirengaken lantunan-lantunan  bait Al fiyah ibni malik , ingkang badhe kalaksanaaken deneng santri- santri putri kelas kaleh aliyah , Pondok Pesantren A P I S Sanan Gondang Gandusari Blitar .Wondene adicoro puniko bade kabuko deneng sederek …………dumateng sederek ingkang ngayahi tugas  wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken …………………………………………………………………………………………………….

          Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing karaharjan ………..

          Mekaten kolowahu gumlantangipun mukhafadhoh nadzom Al fiyah ibni malik , ingkang sampun kito mirengaken , lan mugi-mugiho kanthi muhafadhoh kolo wahu saget mbeto barokah , manfa'at , maslahah fiddini waddunya wal  akhiroh , dumateng kito sedoyo , utaminipun dumateng santri –santri ingkang nembe tasyakuran kolo wahu , lumeber ipun dumateng Agami , Bongso lan negeri

امين......امين......امين.......يارب العالمين

          Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing karaharjan ………..

          Lumebet dumateng canda'ing laksono ingkang ongko sekawan inggih puniko  atur- atur pambagyo . wondene atur pambagyo ingkang ongko setunggal inggih puniko – saking wakil kelas , ingkang badhe kaatur aken deneng sederek .........dumateng sederek ingkang ngayahi tugas , kawulo sumangga'aken .


          Matur nembah ing panuwun - kawulo atur aken .

Mekaten kolowahu atur pambagyo – saking wakil kelas, ingkang sampun ka'aturaken.,dumateng sederek ingkang sampun ngayahi tugas , kawulo aturaken agunging panuwun .

          Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing karaharjan ……..

Kito lajeng aken dumateng atur pambagyo ingkang ongko kalih inggih puniko atur sambutan saking wali kelas . ingkang badhe kaatur aken deneng panjenengan ipun Ustadz H . Muhsin Alfan . dumateng panjenengan ipun , wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken ………..

          Matur nembah ing panuwun , kawulo atur aken .

Mekaten kolo wahu atur pambagyo saking wali kelas ingkang sampun kaatur aken , dumateng panjenengan ipun kawulo aturaken agungin panuwun .

          Sagunging poro rawuh tamu undangan  kakung sumawono putri ingkang dahat kinormatan ………

Lumebet dumateng atur pambagyo sak lajeng ipun , inggih meniko atur pambagyo saking wali santri . ingkang badhe kaaturaken denang panjenengan ipun Bpk …… dumateng panjenengan ipun wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken ………………

          Matur nembah ing panuwun kawulo atur aken .

Mekaten kolo wahu atur pambagyo saking wali santri . dumateng panjenengan ipun kawulo aturaken agunging panuwun .

          Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang dahat kinormatan .  

          Lumebet dumateng atur pambagyo sak lajeng ipun – inggih puniko atur pambagyo saking Bpk Kepala desa . ingkang bade kaatur aken deneng Bpk(………………)

Dumateng panjenengan ipun wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken .


          Matur nembah ing panuwun kawulo aturaken . mekaten kolo wahu atur pambagyo ingkang sampun kaaturaken . dumateng panjenenganipun kawulo atur aken agunging panuwun .

          Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang dahat kinormatan …………….

          Wondene pamungkasing atur pambagyo ingkang terakhir , inggih meniko atur pambagyo saking pengasuh Pondok Pesantren  APIS Sanan Gondang Gandusari , ingkang badhe kaatur sabdo deneng panjenengan ipun Hadrotus syaikh Romo Kyai    H . Imam Sughrowardi . dumateng panjenengan ipun wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken 

 

أللهمّ صلّ على محّمد

Matur nembah ing panuwun kawulo aturaken .


          Mekaten kolo wahu atur pambagyo saking Pengasuh Pon –Pes  APIS . dumateng panjenengan ipun kawulo atur aken agunging panuwun .

          Sagunging poro rawuh tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing karaharjan ……..

          Lumebet dumateng candaing laksono ingkang ongko gangsal ingih meniko istirohat. Ingkang badhe dipun isi sholawatan deneng group …………………saking Pon-Pes A P I S  Sanan Gondang Gandusari Blitar , ingkang badhe dipun pimpin deneng sederek ……………..soho sederek ………………dumateng sederek ingkang kajibah , wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken .ugi dumateng poro mudo dalah poro mudi pasugatan , kawulo aturi nglampahi nopo ingkang dados jejibahan ipun .

          Hadirin wal haddirot , tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing karaharjan …………..

          Sampun titi wanci nipun kawulo dalah panjenengan sedoyo lumebet dumateng canda'ing laksono ingkang ongko nenem , inggih meniko Sabdo Tomo , Sabdo Guno utawi mau'idhotul hasanah , ingkang badhe kawedaraken deneng panjenengan ipun Hadrotuss syeikh Romo  K H ………………..saking……………..pramilo dumateng panjenengan ipun wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken


أللهمّ صل على محمّد

         

          Mekaten kolo wahu sabdo-tomo , sabdo-guno , ingkang sampun kawedar aken Mugi-mugiho fatwa-fatwa nipun kolo wahu , leres-leres dipun dados aken fatwa ingkang barokah , tumrap kito sedoyo , ingkang akhir ipun saget ndados aken , sababiyah gesang kito wonten ing ngalam dunyo peniko , saget pinaringan pitedah saking ngerso dalem Allah SWT. Tambah kiat iman soho agami kito , pinaringan kawilujengan wonten ing ngalam dunyo , ngantos wonten ing ngalam akhirot . ingkang sak lajeng ipun , kito sedoyo kalebet tiyang ingkang husnul - khotimah

. Amin ,,,,Amin ,,,,Amin ,,Ya robbal Alamin ….

          Hadirin wal hadirot tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing karaharjan . ….

          Lumebet dumateng candaking laksono ingkang ongko pitu utawi pamungkasing adicoro , inggih meniko do'a . ingkang badhe kapandengan deneng panjenengan ipun

Romo KH (…………………….) dumateng panjenengan ipun wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken .

          Mekaten kolo wahu pemaosan do'a ,ingkang sampun kapandengan .dumateng panjenengan ipun kawulo atur aken agunging panuwun .

         

         

         

          Hadirin wal hadirot tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing karaharjan ………….


          Mekaten kolo wahu adicoro-adicoro mulai awal ngantos akhir sampun pari purno .lan kanthi lumampah mboten wonten alangan setunggal punopo .lan mugi-mugiho pakempalan kawulo dalah panjenengan sedoyo wonten ing wekdal dalu puniko , dados pakempalan ingkang barokah , manfaat , maslahah fiddini waddunya wal akhiroh ………..

Amin …..Amin ….Amin ….. ya Robbal Alamin .


          Lan saking kawulo ,wonten ing mriki minangkaning pranataning adicoro , mbok bilih anggen kulo ngaturaken reraciing adicoro , wonten salah saruping rembak – soho kaladuk saruning atur , kawulo- hanamung mawantu-wantu nyuwun agunging seh samudro pangaksami dumateng poro rawuh samudayanipun .


          Akhirul qouli ……………………..


والله الموافق الي اقوام الطريق 

والسّلأ م عليكم ورحمة الله وبركاته


اللهمّ صلّ على محمّد                      #                     يا ربّ صلّ عليه وسلّم

اللهمّ صلّ على محمّد                      #                     يا ربّ صلّ عليه وسلّم

اللهمّ صلّ على محمّد                      #                     يا ربّ صلّ عليه وسلّم

Advertisement


EmoticonEmoticon