-->

MC HAFLAH PELEPASAN SANTRI PPMH SANAN GONDANG 2011-2012

 GONDANG, 21 MEI 2012
                  By. Chamidah Mishfa Laili
master of ceremony

السّلام عليكم ورحمة الله وبركاته
حمدا لمن قال في كتابه الكريم , وهواصداق القائلين , اعوذ با لله من الشيطان الرجيم ,  بسم الله الرحمن الرحيم
 يرفع الله الذين امنوا منكم والذين اوتوا العلم دراجات, اشهد ان لا اله الا الله  وحده لا شريك له , واشهد ان محمدا عبده ورسوله , والصلاة والسلام على سيدنا محمد وعلى اله واصحابه اجمعين , اما بعد
·         Hadrotal muhtaromin dumateng poro 'Alim 'Ulama' !
·         Wabil khusus dumateng  panjenengan ipun Romo Kyai Haji Imam Sughrowardi
wa ahli baitihi, ingkang tansah kawulo mulya aken !
·         Ugi dumateng Bapk Kyi Haji Muhamad Najib sakeng telatah siraman ingkang tansah kito tenggo-tenggo dawuh-dawuhipun.!
·         Dumateng bapak kepala desa ingkang tansah kawulo hormati !
·         Dumteng poro bapk/ibu wali santri, ugi tamu undangan, ingkang tansan dipun mulyaaken Allah swt.
         
Ingkang ongko sepindah, Sumonggo kito tansah ngatur aken pujo lan puji syukur dumateng Alloh swt, ingkang sampun paring pinten-pinten keni'matan dumateng kito sedoyo, sehinggo wonten wekdal dalu puniko kito sedoyo saget angrawuhi  adicoro peringatan Isro' Mi'roj nabi Agung Muhamad saw. Ugi  Pelepasan Santri SD/SMP / MTs/SMK periode 2011 / 2012, kanti kawontenan sehat wal'afiat mboten wonten alangan satunggal punopo.
Kaping kalih ipun sholawat soho salam mugi tansah katur kunjuk dateng junjungan kito, Nabi Agung Muhamad saw.
بقولنا اللهم صل وسلم على سيدنا محمد
kanti pangajab Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk syafaatipun  min yaumi hadza ila yaumil qiyamah. Amin2x…….
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh..!
Wonten ing miriki, kawulo kajibah pranataning adicoro, badhe ngaturaken susunan adicoro ingkang bade kalampah wonten dalu puniko :
  1. Adicoro ingkang ongko setunggal inggih puniko atur pambuko
  2. Dipun lajengaken adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko pemahosan Ayat-ayat suci  Al Quran
  3. Adicoro ingkang ongko tigo, inggih puniko Muhafa dloh 'Imriti
  4. Dungkap adicoro ingkang ongko  sekawan, inggih puniko Penyerahan Syahadah.
  5. Adicoro ingkang ongko Gangsal, inggih puniko Maulidurr Rosul
  6. Adicoro ingkang ongko Enem, Sambutan-sambutan
  7. Lumebet Adicoro ingkang ongko Pitu, enggeh puniko Mau'idlotul Hasanah
  8. Adicoro ingkang ongko wolu, inggih puniko Penutup utawi do'a
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh..!
1.    Mekaten menggah susunan adi coro wonten dalu puniko, sumonggo adicoro ingkang ongko setunggal puniko,      kito bikak kanti waosan ummul kitab, kanti pangajab mugiyo adicoro wonten dalu puniko saget lumampah kanti      lancar wilujeng ngantos paripurno. Liridlo Illah, Wali Syafa'ati Rosuliillah,  'Ala Hadzihinn Niyyah,       Alfaatihah….
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh..!
2.    Kito lajengaken dumateng adicoro ingkang ongko kaleh, inggih puniko waosan ayat" suci      Al-Qur'an,      ingkang badhe kawaos deneng sederek Faiq Azmi, dumateng sederek Faiq Azmi,     kawulo sumangga' aken.
Shodaqollohul 'adzim 3x
Mekaten kolo wahu menggah waosan Ayat" suci Al quran ingkang sampun kawahos.   dumateng            sederek Faiq Azmi kawulo aturaken.agunging panuwun
Hadirin Hadirot Ingkang tansah kawulo mulyaaken!
3.    Dungkap adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko Muhafa dloh 'Imriti, ingkang bade     kalaksanaaken     dening santri-santri Pondok. Pesantren Mamba'ul Hisan Gondang. Dumateng            Ingkang kajibahan kawulo     sumangga aken,
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh..!
Mekaten menggah adicoro muhafadloh nadzom 'Imriti poro santri khotimat kawulo atur aken agunging panuwun
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh..!
4.    Dungkap adicoro ingkang ongko  sekawan, inggih puniko Penyerahan Syahadah
    Ingkang, bade kapimpin dening Ustadzah Binti Khoirotu Ni'mah, pramilo dumateng Ustadzah.     Binti     Khoirotun Ni'mah kawulo sumangga aken.
Hadirin Hadirot Ingkang tansah kawulo mulyaaken.!
Mekaten menggah adicoro prosesi penyerahan syahadah sampun paripurno. pramilo dumateng Ustadzah. Binti Khoirotun Ni'mah kawulo atur aken agunging panuwun
Hadirin Hadirot Ingkang tansah kawulo mulyaaken!
5.    Adicoro ingkang ongko Gangsal, inggih puniko Maulidurr Rosul, ingkang bade     kalaksanaaken dening     santri-santri putra Pon, Pes. Mamba'ul Hisan Gondang. Dumateng poro     sederek ingkang ngayahi tugas kawulo     sumangga aken.
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh..!
Mekaten menggah adicoro maulidur rosul  sampun paripurno. pramilo dumateng poro sederek ingang ngayahi tugas kawulo atur aken agunging panuwun
Hadirin Hadirot Ingkang tansah kawulo mulyaaken!
6.    Dungkap Adicoro ingkang ongko Enem, inggeh puniko Sambutan-sambutan
a)      Sambutan ingkang ongko sepindah saking wakil santri, dumateng sederek Mimbar Fauzi  Kawulo sumanggaaken.
 Mekaten kolo wahu atur sambutan saking wakil Santri, ingkang sampun kaaturaken, .dumateng ingkang sederek Mimbar Fauzi kawulo Atur aken agunging panuwun.
b)      Sambutan ingkang ongko kaleh saking wakil wali santri, dumateng panjenenganipun Bapak  Abdul Kholik Kawulo sumanggaaken.
 Mekaten kolo wahu atur sambutan saking wakil wali santri, ingkang sampun kaaturaken, .   dening panjenenganipun Bapak  Abdul Kholik, Kawulo kawulo Atur aken agunging  panuwun.
c)      Sambutan ingkang ongko tigo saking Bapak kepala Desa, dumateng panjenenganipun Bapak  Slamet Harianto(Bapak kepala Desa Gondang) Kawulo sumanggaaken.
Mekaten kolo wahu atur sambutan saking Bapak kepala Desa Gondang, dumateng panjenenganipun Bapak  Slamet Harianto(Bapak kepala Desa Gondang) kawulo Atur aken agunging  panuwun.
d)     Sambutan ingkang ongko tigo saking Pengasuh Pondok Pesantren Mamba'ul Hisan Gondang, dumateng Almukarom panjenenganipun Romo Kyai Haji Imam Suhrowardi, Kawulo sumanggaaken.
Mekaten kolo wahu atur sambutan saking Pengasuh Pondok Pesantren Mamba'ul Hisan Gondang, dumateng Almukarom panjenenganipun Romo Kyai Haji Imam Suhrowardi,
kawulo Atur aken agunging  panuwun.
Hadirin Hadirot Ingkang tansah dipun mulya aken Allah swt.!
7.    Lumebet Adicoro ingkang ongko Pitu, inggeh puniko Mau'idlotul Hasanah ingakang bade     kadawuh aken     dening panjenenganipun Al-Mukarom Bapak. KH. Muhamad Najib saking     telatah siraman, pramilo dumateng     panjenenganipun Al-Mukarom Bapak. KH. Muhamad Najib     kawulo sumanggaaken
Mekaten kolo wahu Mau'idlotul Hasanah ingkang sampun kadawuhaken dening panjenenganipun Al-Mukarom Bapak. KH. Muhamad Najib. Pramilo  dumateng Al-Mukarom Bapak. KH. Muhamad Najib kawulo Atur aken agunging  panuwun.
8.    Dungkap Adicoro ingkang terakhir, inggeh puniko penutup/do'a ingakang bade     kapimpin dening      panjenenganipun Al-Mukarom Romo. KH. Ibnu Mundzir pramilo dumateng     panjenenganipun Al-Mukarom      Romo. KH. Ibnu Mundzir kawulo sumanggaaken.
Hadirin Hadirot Rohimakumulloh..!
Mekaten kolo wahu menggag adicoro do'a sampun paripurno,
           Dumateng  panjenenganipun Romo KH. Ibnu Mundzir, kawulo aturaken gunging panuwun.
Hadirin Hadirot Ingkang tansah dipun mulya aken Allah swt.!
Alhamdulillahirobbil 'Alamin adicoro wonten dalu puniko sampun paripurno, saking kawulo milai awal hinggo akhir katah sanget klenta klentu kulo anggenipun matur. Pramilo kawulo hanamung nyuwun agunging pangapunten dumateng poro rawuh sedoyo. Akhirul Qouli..
إهدناالصّراط المستقيم ,  والسّلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Advertisement


EmoticonEmoticon